Tumini Tuku Ndog

Tuku Ndog

Isuk-isuk Tumini tuku endog neng pasar wonosobo..
Tumini : "Mas,endog sekilo pinten?"
Bakul Ndog : "Ndog bebek opo Ndog pithik?"
Tumini : "Ndog pitik"
Bakul Ndog : "yo, sing lokal nopo sing impor?"
Tumini :"sing lokal wae lah"
Bakul Ndog : "lokale teko wonosobo, kretek,sepuran, mojotengah nopo nggarung?!"
Tumini :"yo .. sobo lah "(wis mulai jengkel )
Bakul Ndog : "Sobo ne jlamprang, mirombo, bangsri nopo njentrek? ?"
Tumini : "mas,sampeyan janjane ke' dodol endog po arep keluyuran si...?"
Bakul Ndog:"hehe..hehe.. ngampunten mbak, sakjane kulo niki sing dodol tempe neng sebelah, sing dodol ndog lagi ngising, kulo dikongkon ngejak ngobrol sing arep tuku ndog karo ngenteni bakul Ndog mari ngisinge...."


Angon Wedhus

Tumini pethukan mbah Tukijan lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhuse sampeyan akeh banget ?" jare Tumini
"Ya lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Tumini maneh
"Sing putih apa sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Weleh, jan akehe. Lha sing ireng?'"
"Padha..." jare mbah tukijan karo ngarit suket

Tumini takon maneh.

"Mangan sukete ya akeh pisan, Mbah.."
"ho oh ki.."
"Pirang kilo mangane sedhina ?"
"Sing putih apa sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Ya Kira-kira limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Padha . . ."

Tumini bingung, dhene ngapa ne' ditakoni kudu mbedakna sing putih apa sing ireng, wong jawabane ya padha wae.
"Mbah, dhene ngapa si ne' tak takoni perkara wedhuse, sampeyan mesti balek takon sing putih apa sing ireng barang. Padahal mestine ya putih apa ireng, jawabane padha terus. Sakjane ana apa tah?"
"Ngene lho, sing putih kuwi wedhuse ku..."
"Lha sing ireng ?"
"nggeh sami . . ."